buku we yoga dhi - alangalangkumitir.files.wordpress.com · buku we yoga dhi ana 17 sarat-sarate,...
TRANSCRIPT
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
BUKU WE YOGA DHIBUKU WE YOGA DHIBUKU WE YOGA DHIBUKU WE YOGA DHI (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi)
LAKULAKULAKULAKU----LAKUNE WONOSOBO LAKUNE WONOSOBO LAKUNE WONOSOBO LAKUNE WONOSOBO DDDDIENGIENGIENGIENG
“Saurunge raga badan) jiarah menyang Dieng, akune Jiarah, ana 17 “Saurunge raga badan) jiarah menyang Dieng, akune Jiarah, ana 17 “Saurunge raga badan) jiarah menyang Dieng, akune Jiarah, ana 17 “Saurunge raga badan) jiarah menyang Dieng, akune Jiarah, ana 17
dalandalandalandalan----dalane amrih kaleksanan”dalane amrih kaleksanan”dalane amrih kaleksanan”dalane amrih kaleksanan”
wonosobo tumeka Dieng kawedar, akarya pralambange Panca Sila, ya
Pancadriya” Panca tegese lima ya Sedulur kalmia pancer.
Laku-lakune menyang Dieng iku dadi prasemone kawruh kasampurnan.
1. Liwat kali semangung, tegese kesengsem barang kang agung.
2. Lumebu kota Wonosobo, tegese kita kabeh bakal sesobo kaya liwat
alas (wana).
3. Liwat desa Kajiwan , tegese mula kudu golek kawruh “kejiwaan”
(kebatinan).
4. Liwat gumuk Logandeng, tegese aja ndandeng-ndandeng kasuwan
kaselak kacingkrangan.
5. Liwat desa Kalianget, tegese kudu kang semanget utawa sregep.
6. Liwat distrik Garung ana kali Alursemaya, tegese kudu di garu aja
semaya.
7. Yen manengen desa Kalikalang, tegese aja kalang-kalangan
kekarepane.
8. Yen mangiwa liwat Tlaga Menjer, tegese ayen tentrem lega menjer-
menjer.
9. Liwat Rejosari, tegese karaharjan jupuken sarine.
10. Distrik Kejajar, tegese sejajar wis sak pada-pada titah (padajayanya).
11. Yeng mengiwa desa Sitiyeng, yen manengen desa Surengeda dadi
pengayoman.
12. Desa Silobang, tegese munggah ngrekasa tapi bisa lobang
(bombang).
13. Desa Parikesit, tegese dinurus sandang lan pangane dadi makmur.
14. Desa Patakbanteng, tegese aja éla- élu kudu teguh kukuh kaya
Banteng.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
15. Desa Siterus, tegese aja mandeg temulih kudu diterusake.
16. Pancuran Bimalukar, tegese nglukari bronjong-bronjong kamurkan,
dadi rahayu.
17. Dieng, tegese yen arep édi tur a aéng supaya tumindaka kaya isine
Buku We Yoga Dhi ana 17 sarat-sarate, yen Islam ana 17 rakaat,
yen arep agung kaya Garuda ya kudu duwe wulu 17 sarat-sarate
kaya dene Jiarah Wonosobo tumeka ing Dieng ya ana 17 rukun
utawa dalan-dalane, yen arep Rahayu Adi tur Aéng.
Mara jajal lakonana, yen ora cocok buku iki wajib di enggo buntel trasi.
TRI MURTITRI MURTITRI MURTITRI MURTI
“Kenegaraan, Kelahiran, Ketuhanan”, tegese, sak kabehing kahanan
kang kasat mata iki ora pisah klawan “Tri Murti”.
Tri tegese “telu” dene Murti tegese “buntel” kealusan, dadi wijange “telu-
teluning atunggal”. Samono uga kita ya ora pisah klawan “SAN = 3 TRI =
3 ya TRI MURTI”.
Kulit Kulit Kulit Kulit –––– daging daging daging daging –––– woh : woh : woh : woh : golekano wohe, kang sejati.
Tutup Tutup Tutup Tutup –––– rasa rasa rasa rasa –––– angen angen angen angen----angen :angen :angen :angen : jumbuhe sesebutan Wayang.
Jagat Jagat Jagat Jagat –––– Dewa Batara : Dewa Batara : Dewa Batara : Dewa Batara : jumbuhe karo raganira.
Raga Raga Raga Raga –––– budi hawa budi hawa budi hawa budi hawa –––– angen angen angen angen----angen : angen : angen : angen : jumbuhe karo wadahira.
Brahma Brahma Brahma Brahma –––– Guru Guru Guru Guru –––– Wisnu : Wisnu : Wisnu : Wisnu : jumbuhe karo rupanira.
Sipat Sipat Sipat Sipat –––– jeneng jeneng jeneng jeneng –––– polah tingkah : polah tingkah : polah tingkah : polah tingkah : kang amerak ati.
Katji Katji Katji Katji –––– Haji Haji Haji Haji –––– Caji : Caji : Caji : Caji : mesti dilakoni.
Solat Solat Solat Solat –––– Sembiyang Sembiyang Sembiyang Sembiyang –––– Sembah Hyang : Sembah Hyang : Sembah Hyang : Sembah Hyang : pada lakonana ing batine.
Lair Lair Lair Lair –––– urip urip urip urip –––– mati : mati : mati : mati : mesti dilakoni klakon.
Esuk Esuk Esuk Esuk –––– awan awan awan awan –––– bengi : bengi : bengi : bengi : ngimpi sakehing banda, bojo ayu, tunangan sakala
ilang ditinggal mati, gambare wong stip (turu).
Mengertiya sakabehing karameyan kang umyung iku dadi kitab, tu-lesa,
iku bisa dadi pitutur, tuturen ditiru turuten kautamane : 1111. aja mung diwaca
salamba, 2222. aja mung di rungu salamba, 3333. aja mung ditonton, yen ora
disaring-saring, iku tanpa guna urip ngaku Satriya, Cantrik, Satriya,
Kawula, Ngawula.
“Wonosobo tumekaning Dieng”, dadi pralambanging Panca Sila, “Panca
Sila” dadi pralambang Elmu Ketuhanan, Elmu Ketuhanan pralambang
Jedah Mekah Medinah, Jedah Mekah Medinah pralambang Prambanan
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
Borobudur Dieng Edi Tur Aéng. Edi Tur Aéng, isine buku We Yoga DhiWe Yoga DhiWe Yoga DhiWe Yoga Dhi.
We Yoga Dhi ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi.
KESENGSEM BARANG KANG AGUNG (SEMAGUNG)KESENGSEM BARANG KANG AGUNG (SEMAGUNG)KESENGSEM BARANG KANG AGUNG (SEMAGUNG)KESENGSEM BARANG KANG AGUNG (SEMAGUNG)
“Dieng awit Wonosobo ciptane Wali akarya pralambang kawruh batin, lan
Jaman kang arep kelakon iki”.
Wono tegese alas ya Buwana ya donya, kang dialami iki, Sobo tegese
wong kudu sesobo ngalor ngidul ngetan bali mangulon, kurang banter
mlaku ? Nunggang sepeda, isih kurang banter ? Nunggang montor lan
sapanunggalane. Sapiturute kabeh iku bekakas kanggo rebutan pangan,
apus ingapus, ora ana putus-putuse, wis sugih isih kurang sugih, tansah
pecah belah, bapa lali anak, anmak lali ing sadulur. Jalaran mung golek
makmur, tapi pungkasane ajur mumur, yen saré awaké kaya ajur, meksa
ora duwé wedak beras kencur. Ya iku dek jaman penjajah, kita iki tansah
dipecah belah, kanggo dagangan Gusti Allah, jare wong Jawa aja
kakeyan polah, jebulé sakehing Kebudayaan sasat ora kena disekolah.
Nanging kabudayan manca kang tansah wutah, kita bangsa kongsi ora
bisa polah, tingak-tinguk géla-gélo, nglokro dadi bodo, ing manca wis bisa
gawe radio, balik kita kang di rembug suwarga, ing mbesuk, ora ngerti
yen mung diapusi, supaya aja ngrembug landeping ati, nanging bangsaku
tetep ora ngerti, malah ajak gawé pepati, apa iku dawuhe Gusti tegesé
apa iku bagus ati ?
Mula iku yén lali dén élingaké, dawuhing Kur’an Watanga wanu bil birri Watanga wanu bil birri Watanga wanu bil birri Watanga wanu bil birri
wa takwa wala tangawanu bil ismi wal ngudwawa takwa wala tangawanu bil ismi wal ngudwawa takwa wala tangawanu bil ismi wal ngudwawa takwa wala tangawanu bil ismi wal ngudwa tegesé : sira kabéh pada
gawéya kebagusan, gotong royong tulung tinulung, lan uga kudu éling
marang kang paring gesang. Tegesé urip ora mung siji ana 20 sipaté
mungguh kelahirané Ranté Panca Sila ana 20 cacahé, iku kita kudu sugih
pangapura sambung ményambaung dadi siji ala-ala becika sing ala
supaya becik, yen dadi siji rawe-rawe rantas malang-malang putung, iku
ranté “sabda rukun”“sabda rukun”“sabda rukun”“sabda rukun” ayo pada kang rukun lan aja ndandeng-ndandeng,
hayo bangsa pada ngudi elmu kejiwaan kang adi aéng.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
Semono uga ing awakira ana kadang (sipaté) 20 mau jajal rasakna, yén
sira mangan iku karepé napsu luamah, yén sira nesu iku karepé napsu
amarah, sapituruté iku kelahirané wis nang aksara Jawa ana 20 cacahé
sapa kang bisa ngerti, dunungé lan uga bisa ngerti asalé ing témbe bisa
sampurna uripé, lan ing batiné, lan diéman dening sipat-sipaté, rineksa
ing donyane, kalis sakehing bebaya, jajal mara wacanen awakira dewe.
NGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAAN
KALIANGET TEGESE PERJUANGAN MILI SEMANGETKALIANGET TEGESE PERJUANGAN MILI SEMANGETKALIANGET TEGESE PERJUANGAN MILI SEMANGETKALIANGET TEGESE PERJUANGAN MILI SEMANGET
NGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAANNGUDI ELMU KEJIWAAN
Bangsa-bangsa kita pada semanget, ngudi kamulyan lan kemerdekaan.
Kurban banda tumrap kelahiran, mbela tanah wutah getihe.
Dene kebatinan, tansah semanget ngudi marang Ketuhanan, nanging aja
kongsi kesliru gawe runtike marang liyan bangsa kang ora pada
sembiyang, marga wis pada duwe sembah Hyang dewe-dewe cara Jawa
ya kena, marga gusti ya saget cara apa wae, manga elinga yen para Wali
para Panembahan para Empu keris, iku sembahyange cara Jawa, diarani
samadi, eneng-ening awas tur eling, ya kongsi saiki iku kepara isih akeh
kang tumindak, tegese kang emoh kulak saka seje negara, marga
prasasat turah-turah, malah-malah yen biyen pada dikulak marang seje
Negara, duk jaman kuna. Duk jaman kuna kaya dene Adipati ing Tuban
iku asal saka negara Cina kang aran Cik “Oej Lauw Tik”, bareng
diwejang elmu kamuksan kanuragan, wis tutug, banjur andeku kojem
Bantala, emoh kondur ing Negarane, pati lan uripe dipasrahake, banjur
jinunjung dening Sang Prabu Browijayo, dadi Adipati ana ing Tuban
jejuluk Adipati “Wilotikto”, apeputra Jaka “Sa It” tegese sa = 3 dene Iku
tegese 1, Jawane “telu ing atunggal” kang pada meguru Kejawan pada
dadi Wali, dene patilasane, wayang purwa, keris-keris lan patilasan
warna-warna, mula aja pada kesusu nacad marang pahame dewe kang
asli kuna-kuna lan aja ngawur yen pidato, mundak dadi medotake
sedulur, ya ibarate rante kang wis manunggal, mangertiya sakabehe
tembung iku tembang nganggo disurasa ana warna 3, aja mung diwaca
salugu. Kayata Salat, Sembiyang, Sembah Hyang : tegese Salat iku
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
umume mung anut grubyuk rubuh-rubuh gedang. Kang kanggo iku
Sembah Hyang, tegese tansah ngabekti marang Bapa lan Ibune, Embah
lan Eyang-eyange munggah tekan Gusti, mula bener banget, yen wong
ora Sembah Hyang iku Murtad, Kapir, ya pancen ngono, dadi wong kang
ora bagus ati, ora kebangsaan tepa slira, ngumbar kamurkan iku murtad
tegese goroh, emoh bagus ati, tansah arep gawe pepati, apa iku bagus
ati ?. Hayo, sapa saiki kang murtad, lan kapir, ayo golekana dewe. Aja
ngawur yen kekandan. Kaya dene “Katji, Haji, Chaji” chajat iku uga ana
maksude dewe, aja dianggep pada wae. Kaji tegese “Tekat suwiji”
sedakep seluku tunggal anutupi babahan nawa 9 angesti “saka siji”, ngaji
kadang 9 diaji-aji.
Haji tegese pengaji sapa wae kang bisa nutupi babahan 9. mata 2, kuping
2 irung, cangkem, puser tengah-tengah dalam entut, iku ora kongsi batal,
ngentut, tegese nyuwara kang agawe serike liyan, iku kelebu batal,
merga yen arep nesu iku diemat-emat, nanging kepeksa ora tahan,
keprucut sida kontal marakake mubal, jilid I, iku tegese sesuci maneh.
Yaiku kang diarani Kawula Ngawula marang kang Maha Suci, yen
pancen semanget dadi kawula, aja mung awur-awuran dumeh bisa
kekandan, dene banyu 8 batin, iku lagi tekan seprapat suci, iku wis kelebu
apik tur di Haji-haji dening liyan.
Mula yen dilakonimung resik njabane iku kena diarani MUNGKAR tegese
mengo (ngapusi) dawuhe Gusti, ora gelam nindakake adil welas asih,
tepa slira, gotong royong, guyub rukun, tansah mbedak-mbedakake
marang sak pada-pada tidah, kang alap ingalapan faedah, apa maneh
para babah iku aja dianggep Kapir.
Penget , sucining ati kinasih ing Gusti dene sucining lahir iku kanggo
plesir, golek kang lencir. Chaji iku kakekate sabenere, tegese MATI. Dene
dalane ana 7 nang jilid I, tegese wong kudu mati, iku kudu ngambah
dalan 7. dene sakabehing bangsa titah ya bakal mati, ya pada duwe
dalan dewe-dewe, duwe cara dewe-dewe, sembahan dewe-dewe, duwe
kitab wacan, buku, panutan dewe-dewe, aja pada rebutan, wis pada
duwe panganggep bener dewe. Saben bangsa wis kaparingan kitab
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
dewe-dewe, yaiku Injil, Touret, Jabur, Kur’an, Wedho, iku pitutur kang
utama, mula aja pada cecongkrahan ngumbar kamurkan.
Dawuhe Kur’an : “Lakum dinukum Waliyadhin”.
Dawuhe Wedho : “Gaweya tentreming liyan”.
Arab iku tegese Robbin, tegese Pangeran.
Jawa tegese Jawata, tegese ya Pangeran, mula pada goleka
pengalaman kanggo tambahe iman, kanggo urip bebrayan.
AYU AYOM AYEM TENTREMAYU AYOM AYEM TENTREMAYU AYOM AYEM TENTREMAYU AYOM AYEM TENTREM
DESA SURENGEDE “AYU AYOM AYEM TENTREMDESA SURENGEDE “AYU AYOM AYEM TENTREMDESA SURENGEDE “AYU AYOM AYEM TENTREMDESA SURENGEDE “AYU AYOM AYEM TENTREM”
EraEraEraEra----ero wong Jawa keri kang pro (kang jodo).ero wong Jawa keri kang pro (kang jodo).ero wong Jawa keri kang pro (kang jodo).ero wong Jawa keri kang pro (kang jodo).
Garung ateges digaru, buangen alanira, kang ngajak dadi perkara.
Tegese sing sapa kang ngerti yen ana ing alam padang iki tansah rubes,
ewa, cuwa, gela, tansah ora ana marem-mareme, paribasan rejeki yen
dioyak malah ngedohi, semono uga suwarga, yen diarep-arep malah ora
ana, tegese sing sapa wedi, iku malah diweden-wedeni, tuwasan wis
nggulung-nggulung niba-niba babak bundas, jebule dudu memedi, mula
kudu dititi jroning percaya ing Gusti, mula iku supaya kang tata titi tatas
tistis tetes buntas dununge pangudi, ditimbang-timbang kang bener, kang
ala dibuang, disaring-saring, mula kudu di GARU, dipateni ing kaluputane
dewe, kang tansah semaya amarakake ngalur-alur bingung, duduk suwe
kesamber Ulung, yen bisa nganggo ing kabagusane, iku bisa ayu ayom
ayem tentrem, jembar segarane kaya dene Tlaga Mejer ya tlaga
pangapura, ya tlaga keslametan. Adat pituwase ora gampang kena
ombyaking suwara, iku yen ana “Reja” tegese rame-rame umyung kang
dijupuk mung “sarine” utawa wose, karepe buwahe ya sejatine, aja mung
diwaca salamba, di gagas-gagas di rasa-rasa desa “Rejasari” yen ana
pengajabe Mripat Kuping, Irung, Lesan, kudu dijupuk sarine, kang tumuju
marang kabagusan, iku ing tembe bisa sejajar “Kejajar” tegese bisa
munggah sejajar, kasebute “ Samiaji” ya, PADA JAYA NYA, ya kawula
lan gusti, ya Rasulullah.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
Sak uwise dilakoni banjur ana pertelon kang ngiwa “tumuju ing
kanugrahaning Dewa ya iku Sakti tur Aeng desa Saktiyeng”, sing sapa
wonge bisa nglakoni dawuhe batin tegese ora “Murtad lan mosrik” iku
bisa kinasih ing Gustine, kashe buwahe bisa Sakti tur Aeng, japa lan
mantrane bisa mandi Kocap kudanan, ora pasah tapak sisasning
gurenda, nanahis aja kanggo umuk-umukan.
Aja mandek, iki wis ngancik gara-gara wis karep ana wahyu ngger
terusana lelakonira, ing tembe bakal ana maneh pratelon kang
manengen, ya iku uga kanugrahan, sing sapa kadek ana ing prasemon
suren Gede (wringin agung) iku dadi pangayoman ing sapada-pada lan
kula warga, semono uga “warga negara” yen ngaup ana ing ringin agung
iki supaya pada dijaga, dilemoni supaya lemu godonge supaya
ngrembuyung, supaya rakyat kang ngaup pada ayom ayem tentrem sapa
kang seneng ? Tumrap ing lahir.
Dene kebatine kita ngawula ing Gusti iku tekan seprapat agung tegese
wis bisa murakabi agawe ayu, ayom, ayem, ing sakabehing titah, dipurih
ayema yen wis ayem, saya sumengka pengawak Braja, banjur desa
Silobang (bolong) lega legawa rila ing donya, rila ing pati jalaran win
antuk lobang padang jaba padang ing jerone marga wis oleh wahyu
pengayoman Ringin agung, nanging isih sumengka pengawak braja
dilakoni klawan antul bisa tumeka ing tumeka ing gapura kang aran
PARIKESIT.
Pasemon pari kang isi 9 elas ngemu yen ISLAM 5 wektu, yen Jawa
kalima pancer, yen Cina ya pada bae.
OMAN LOMAN AMANOMAN LOMAN AMANOMAN LOMAN AMANOMAN LOMAN AMAN
DESA PARIKESIT “OMAN LOMAN AMAN”DESA PARIKESIT “OMAN LOMAN AMAN”DESA PARIKESIT “OMAN LOMAN AMAN”DESA PARIKESIT “OMAN LOMAN AMAN”
Tegese sing sapa wis bisa antuk kanugrahan, kamulyan, nanging aja
ninggal oman, lan kasregepan, kanggo nyukupi sarat-sarat tumrap
marang kadonyan, kanggo nyukupi kabutuhan hariyan supaya bisa
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
cukup, nanging kanggo keadilan netepi dawuhing Gusti tumrap bebrayan
kamanungsan, iku tumrap ing kelahiran.
Dene tumrape kebatinan, yen lali den elingake, yen kita ora mung siji,
kudu eling marang Kang paring Gesang, marga urip iku ana kang nguripi.
Prasemon pari iku ana 9 las, kiwa lan tengene, kena diarani Jawane sak
njabane wangen lan sak jroning wangen, kang momongi kita iki. Dene
lakune junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w.
Sakabate 4 : Abu Bakar, Umar, Usman, Ali, kalima Kanjeng Nabi.
Malaekate 4 : Jibril, Mikail, Isrofil, Idjroil, kalima Kanjeng Nabi.
Iki yen cara Jawane kang diarani, eling marang kang momongi, iku bakal
diemong keslametane, yen Jawane :
Kadang 4 : Luamah, Amarah, Sofiyah, Mutmainah kalima pancere.
Kadang sinarawedi 4 : Mar Marti, Kakang Kawah, Adi Ari-ari, getih Puser
kalima pancere.
Yen cara Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. iku ing saben arep kersa apa
bae tansah pamit marang Kadang Jibril sak piturute. Semono uga kita
kudu anut-anut, dene carane kaya ngisor iku :
Mar Marti, kakang Kawah, adi Ari-ari, getih Puser kadangku 4 kalima
pancer, aku golek sandang pangan, hayo rewang-rewangana, marga
gampang iku yen arep kajat apa bae kudu disambat, dene yen kita turu,
jaganen lan reksanen, yen ana sengkala rubeda sira gugaha, lan
tangekna ing jam 5 esuk, nanging yen ngililir tumuli gregah tangiya, yen
sira mangan iku pintanen, kira-kira seprapat sendok, lagi wiwit mangan 3
sendok aja dilawuhi (sega tok bae) awak mangan aku ora.
AJA PIYAYANGAJA PIYAYANGAJA PIYAYANGAJA PIYAYANG----PEYIYING KAYA CACINGPEYIYING KAYA CACINGPEYIYING KAYA CACINGPEYIYING KAYA CACING
DESA PATAK BANTENGDESA PATAK BANTENGDESA PATAK BANTENGDESA PATAK BANTENG
“Aja Piyayang“Aja Piyayang“Aja Piyayang“Aja Piyayang----psyiying Kaya Cacing”psyiying Kaya Cacing”psyiying Kaya Cacing”psyiying Kaya Cacing”
Pralambang bangsa Indonesia, kang wis dilarah-larahake dening pejajah,
warna lapisan kaya kang kasebut ing duwur iki perjuangan kita awit kuna-
makuna, kayata wiwit perjuangan She Siti Jenar dilebur, lah Raden
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
Unrung dilebur, lair maneh Sarekat Islam dilebur, lair Sarekat Rakyat
dilebur, lair maneh Budi Utama dilebur lair maneh P.N.I Banteng dilebur,
lair maneh Parindra dilebur, dadi sepi nyeyet, data nana sabawane
walang kumrisik, marga kaoncatan Jimat kalimasada, lan Kaki
Sabdopalon, tan kocapa kaya rawuhira Kaki Sabdopalon lan Jimat
Kalimasada, kaya dene suwarane gunung njeblug “Gleger”.
Bangsa Indonesia pada milih dadi Patak Banteng, Embah Patak Banteng,
Eyang dadi Patak banteng, anak dadi Patak banteng !
Sega jagung dadi Banteng, tela mentah dadi banteng wong Tani dadi
Banteng !
Kyai dadi Banteng ! Santri dadi Banteng ! Pandita dadi Banteng ! Cantrik
dadi Banteng ! Sak Indonesia Pemuda watak “Banteng”.
Gatuk karo ngendikane Ir. Soekarno rikala arep mangkat dikunjara dening
Abu Lahab (penjahat) ana ing guwa Bawana. Ir. Soekarno cancut tali
wanda, njejak Bantala sesumbar bakal ngetokake aji Panca Sona Bala
Sayuta, mangkene pangandikane : “Yen Soekarno mati siji, lair 10
Soekarno, 10 mati, lair 100 Soekarno, 100 mati, lair 1000 Soekarno, 1000
mati, lair 10.000 Soekarno”. Sak Indonesia dadi Soekarno kabeh, iku bisa
klakon. Bupati dadi Soekarno, Polisi dadi Soekarno, P.I.D dadi Soekarno,
Saradadu dadi Soekarno, Sudagar dadi Soekarno, musuh lebur dadi
Soekarno, wong Tani dadi Soekarno, pengarang We Yoga Dhi kongsi
saiki dadi Soekarno. Hayo ! Sapa kang lali den elingake ! Aja dolan adoh-
adoh, baliya ! baliya ! dadi Soekarno. Hayo Jimate pada diasta, Kalima Kalima Kalima Kalima
Sabda ya PancasSabda ya PancasSabda ya PancasSabda ya Pancasilailailaila.
Sing sapa ora gelem dadi Ir. Soekarno sayekti bakal kasiku ing tanah
wutah getihe kang dipanggoni, iki kena diarani Kapir, tegese kabronjong
ing kapialan, pungkasan kewirangan ora gelem ngrungkebi tanah wutah
getihe, satah (sutik) ngaku Jawa kang aran Jawata. Iku tumrap kanggo
kelahiran. Dene bab kebatinan , sapa wong kang bisa : 1.1.1.1. Nggaru ala lan
becik, 2.2.2.2. Yen ana rejane jupuken sarine, 3.3.3.3. Iku ing tembe bisa sejajar
tegese manunggal kawula lan Gusti, iku ya Rasulullah ya rasa tepa Slira,
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10
4.4.4.4. Iku bisa Sakti tur Aeng (aneh), 5.5.5.5. Iku bisa Suren Gede = ringin agung,
ya mesti dadi pengayoman ing putra wayah, 6.6.6.6. Iku bisa kongsi Lobang
tegese lobang katurutan sak sedyane, 7.7.7.7. Iku dimurahi ing pari rejeki apa
kang tinandur bisa makmur, marga eling ing “Sahabat Kalima”.
Kesit (sregep) lima cacahe iku bisa arum awangi angambar-ambar kaya
dene kembang, sakabehe para Dewa pada wedi tur asih, aja maneh para
titah. Yen cara Sarengat iku lagi tekan seperempat ADIL.
S. iku yen sinawang kaya dene Banteng, njenggereng, nanging ora
medeni, sapa kang weruh sajak wedi, yaiku watake manungsa, kang bisa
oman, iman, loman kautaman, bisa oman ing jaman aman, ayo pada
titen-titenan, totohane awet-awetan. Mula iku kang kongsi TERUS,
anggone tumindak kabagusan, watake wong kang iman iku supaya teguh
kaya dene Banteng, emoh goroh emoh ngapusi, emoh ngrebut kursi adol
aksi, watake wong iman iku mung Gusti kang kaesti, senadyan tumeka
pati. Mula iku yen pancen temen-temen pada ngaku kawulane Gusti, aya
pada sesuci ana ing pancuran kang aran Bima Lukar, tegese : Lukar =
wuda, Bimo tegese buntel. Lukarana samudayane tumrap kamurkan
kadonyan, yen Arabe Tachalul tegese cukur tumrap kadonyan, kanggo
keadilan tepa-slira, ora kena ngarep-arep pawehing liyan, iku yen bisa
nglakoni Bagus ati, iku sayekti dadi Sirah Hayu, tegese wis pangawak
Puji keslametan, sakehing kali-kali pada awot teluk dadi Sirayu, semono
uga sira bakal dadi “Sirah Hayu” (slamet).
ngGer putuku rungokna tegese “Bina Lukar”“Bina Lukar”“Bina Lukar”“Bina Lukar” iku kebatinan. Bima tegese
bungkus. Mangertiya yen sira iku tansah peteng iku, sejatine mung
kabronjong (kabuntel) ing warna-warna lapisan bunten, yaiku : Bumi,
Geni Banyu, Angin Srengenge lintang, rembulan, kang kinodrat nguripi
ing badanira, mangkene wijang-wijangane :
1. Kuwatir ora sugih, apus-ingapusan dadi pecah belah Rante Panca Sila
pating prentil, sadulur ora pada mampir.
2. Kuwatir ora makmur, tumindak ora jujur. Wusanane kayu ringin agung,
godonging aking, dadi kuru gering.
3. Kuwatir ora oman kadonyan, tumindak gawe kapitunan ing liyan.
Wusana dadi ora aman, pari lan Kesite dipangan ama.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 11
4. Kuwatir ora singgih, tumindak silih ungkih, nggunggung diri kelangan
pribadi, wusana ilang watak Kasatriya. Bnateng babak bundas kari
batang, kapercayane ilang.
Papat bungkus prabawa kuwatir iku yen kersa ilangana (lukarana)
nganggoa kabagusane, yaiku kang diarani ngracut kadang 4, yen cara
Arabe Simbul Burak, yen Jawane Simbul Pacul tegese kebagusan 4 aja
ucul, yen Jaman iki asimbul LINTANG BIMASAKTI, byar padang ora ana
reribed apa-apa ora ana pepeteng apa-apa. Yaiku laire Ratu Adil, wis ana
dadnira, mula sira kabeh tindakena keadilan nanging aja keliru ngarani
Ratu Adil sarira di Wisma tegese iku wis ana ing badanira iku, nanging
isih pada kabronjong patang kuwatir nafsu 4. yen pancen kersa hayo
pada lakonana.
LAKU UTAMA KINASIH ING DEWALAKU UTAMA KINASIH ING DEWALAKU UTAMA KINASIH ING DEWALAKU UTAMA KINASIH ING DEWA
Ana papat sarat-sarate yen kita arep bisa padang lan jembar tebane kang
wajib dilakoni yen pancen kersa nindakake kebagusan, supaya metu nure
(cahyane) yaiku kang diarani Nur Muhammad yen pancen kita ngaku
umat Muhammad. Ayo pada ditiru ing tembe dilakoni bakal kinasih ing
Gusti, marga wis dadi pengawak kang ngresepake ing liyan. Lan uga kita
yen gelem ngaku Rakyat Indonesia panutan Ir. Soekarno, kang sayekti
bisa tumindak ing pralambang 4 mau iku rak ya kinasih ing mungsuh,
kinasih wong sajagad.
Gede cilik, lanang lan wadon, tuwa lan anom, sakabehe polah tingkah
kang bisa ngresepake ing sapada-pada yen pancen kersa nglakoni
penggawe becik ing ngisor iki sarate.
1.1.1.1. Niyat ingsun sumediya anglakoni ngrukunake sipat 20 kang dumunung
ana badaningsun dewe, kang asal pating prentil, kang amrabawani pating
prentiling atiningsun. Duh sipat-ingsun, 20 cacahe ayo pada kumpul dadi
siji pada rekasa rumeksa, dadiya rahayu ing kene, ya rahayu ing kana
polahira, ya polah ingsun, rupanira ya rupaningsun kang ngliputi dening
kodrat-ingsun, manuta sakersaningsun Hyang mangarcana masbawa
Sang Hyang rukun, rukun dening polah tingkah kang sugih pangapura,
ala-ala becika, guyub rukun marang tangga, lan bangsa, ditepung-
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 12
teoungake dadiya sadulur, sambung menyambung dadi siji, kasiyati teguh
kukuh bakuh, rawe-rawe rantas, malang-malang putung, iku tumrap ing
awakira, sa-uga Negara kita, iku yen dilakoni bakal kinasih, kaya dene Ir.
Soekarna.
2.2.2.2. Niyat ingsun sumedya anglakoni ngurip-urip kayu urip kang kuru, kang
dumunung ana ing badaningsun, kang amrabawani kuruning awakingsun.
Duh kayuningsun, kang papat cawang 12, kembang 36, godong 144.
hayo uripa, sira ngrembuyung, dadiya Rahayuningsun, Rahayu ing kene,
Rahayu ing kana, dadiya ngrembuyung kaya dene Ringin Agung, agunge
pamengkunira agung pamengkuningsun, Byar subur Ringiningsun,
dening Kodratingsun manuta sak karsaningsun, Hong mangarcana
masbawa Sang Hyang Ayu, ayu ayom ayem tentrem, tentrem ayem
awakingsun tentrem wong se-Indonesia, tentrem dening tindak kang
tansah ngayomi ing liyan. Lakune kudu bisa ngendekake angkara supaya
ayom.
Dene tapane salawase kudu gawe adem ayome ing sapada-pada kang
panas ati dadi ademadema, supaya ayom.
3.3.3.3. Niyat ingsun sumediya nglakoni nangekake pari (rejeki) kang tansah
dipangan ama, kang amrabawani dadi rusang-rusang kekurangan, kang
ama ing badan ingsun, kang ingsun ninggal Ibu Pertiwi lan Dewi Sri,
ingsun sumediya rumeksa Dewi Sri cara kuna-kuna nenangi dalan 8
(wolu) 9 tumeka, lan Sahabat kalima, bisoa harum angambar-ambar
wangi kongsi lima cacahe kang wis ana ing badan ingsun, manuta
sekarsaningsun. Hong mangarcana maswaba Sang Hyang Arum, arum
angambar awangi, wangi dening asmaningsun kang tansah eling lan
eman marang kang momongi badaningsun
.
Tapane selawase kudu dedana (weweh) yen oman kudu loman adil ing
sapada-pada tumitah. Lakune nutupi bolongan Nawa 9 angesti sawiji, lan
trisna marang sahabat kalima pancer, supaya arum mawangi, lan kudu
gesit tangi, gesit aja kongsi kerina, kawanen, yen bisa tangi ing wayah
byar esuk, anggarap pagawean kang matuk.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 13
4.4.4.4. Niyatingsun semediya nglakoni jujur lan suci, kang uga wis ana
sajroning awakingsun, kang wis ilang piyandele, ilang daya kekuatane,
kang amrabawani nggayuh-nggayuh rutuh nyandak-nyandak tuna, tansah
ringkih kaya dene kewan cacing tanpa aji, gumeregah kaya digugah
binukak jroning ati. Hya saiki sira tangiya, kajujuraningsun, sira rumeksoa
badaningsun,dadiya jujur, subur, makmur jujuringsun manuta
sakersaningsun, dening kodratingsun, Hong mangarcana maswaba
Sang Hyang Jujur, jujur subur teguh kukuh bakuh, teguha omanku,
kukuha imanku, bakuha amanku, aman amana bangsaku aman dening
polah tingkah kang jujur. Lakune salawase kudu tumindak jujur, tapane
betah ora turu, lan betah ora mangan, sinaune nyuda sare lan nyuda
dahar, ya nyuda kanepson, sregep nyambut gawe.
Penget :Penget :Penget :Penget : Ngelmu iku kelakone lan panemu, pasahe lan tapa, iku awit
kuna-kuna kang diagem embah lan eyang-eyang kita, bayo pada
ngabekti marang leluhur embah buyut kita, kang patilasane tansah
kuncara.
Pangandikane embah ngger putuku aja pada longkang wewaraha sira,
marang tangga lan kanca-kancanira, bisoa nulis Jawa, latin, Arab, kanggo
nyateti pitutur iku, jenengna Pengajian paguyuban “Sabda Rukun” yen
pitutur “We Yoga Dhi” iki dianggep ADHI, wis disediyani nang “Toko
Sinar Hadi” dene yen dilakoni kanti jujur, mengko tentu makmur.
DIENG KEDIENG KEDIENG KEDIENG KE----INDAHAN EDI TUR AENGINDAHAN EDI TUR AENGINDAHAN EDI TUR AENGINDAHAN EDI TUR AENG
MINANGKA LINTANG PANCAMINANGKA LINTANG PANCAMINANGKA LINTANG PANCAMINANGKA LINTANG PANCA----SILASILASILASILA
Sauwise dilakoni lelakon-lelakon 4 perkara iku kang diarani kawula bisa
mangawula ing Gusti, tegese saguh lan agesti sawiji bisa lukar saka
bronjong 4 iku tumuli bisa metu nure (cahyane) kaya dene lintang bima
sekti, iku kena diarani luhur termashur ing kebagusane, ing kono banjur
kasebut manungsa kang asmane luhur, kasebut pinunjul, dasare jujur lan
suci disebut Edi tur Aeng sapa weruh mesti wedi tur asih, marga wis
kinasih.
Ing tanah Jawa kang nglakoni bisa dadi pepadanging bangsa nganggo
dedasar Kalima sabda, sahabat lima, kalima pancer, dadi lambang
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 14
“Panca-Sila” asimbul lintang ana ing dada garuda manungsa kang
pinunjul iku cipta pandita ratu, bisa bukti lan nyata Prabu Ajijayabaya
nilari buku jangka Jayabaya saiki nyata. Patih Gajahmada termashur ing
kadikdayane bela negara, Kanjeng Pangeran Dipanegara tetep kuncara
bela negara lan bangsa. R. Untung tetep kuncara bela negara lan
bangsa.
Dr. Sutomo uga kuncara pembela negara, wiwit kuna makuna perjuangan
melawan penjajah tansah ganti berganti. Jalma manjalma, kongsi dialami
dening perjuangan. Ir. Soekarno kaleksanan nyipta manjalmane Jamus
Kalima sabda, dadi Kalimah sahadat, manjalma dadi Panca-Sila.
Ing tanah Jawa patilasan-patilasan para kuna, kang kuncara iku persasat
saben desa ana, sapa kang ora percaya ? Mara jajal yen wani sembrana,
sida ketula-tula. Saiki dibanding-banding keliling monca Proja sedonya,
endi ana petilasan kang kaya ing tanah Jawa, persasat saben desa ana.
Mula iku bangsaMula iku bangsaMula iku bangsaMula iku bangsa----bangsaku yen kersa ayo pada didandani, supaya eling marang bangsaku yen kersa ayo pada didandani, supaya eling marang bangsaku yen kersa ayo pada didandani, supaya eling marang bangsaku yen kersa ayo pada didandani, supaya eling marang
dawuhdawuhdawuhdawuh----dawuh leluhur kunadawuh leluhur kunadawuh leluhur kunadawuh leluhur kuna----kunakunakunakuna semono uga ibarate omah kang dipanggoni
supaya dilakoni lan dirumat, supaya sabrayat pada harkat, aja mung
nganggoni omahe wong liya iku kurang utama, duweke dewe di
sepirakake nggunggung duweke tanggane, iku saya suwe saya entek
harkate drajate, sandang lan pangane, ya ekonomine, ya kesugihane.
SAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGE----JAWAJAWAJAWAJAWA
JUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAH
ARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTI
BAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWA
PRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENG
Rukune kejayaan ana 7 yaiku tumindake para Wali lan Satriya, dene
sarat-sarate sesuci banyu 8, wolung prakara, ing teku laku. Laku-lakune
kaya dene prasemone lakune saka Wonosoba menyang Dieng : 1111. aja
nDandeng-ndandeng, 2222. ayo pada ngudi Ilmu Kejiwaan, 3333. kudu
Semanget, 4444. aja Ngalur-ngalur semaya, 5. Garung (garu) buangen
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 15
alane, kasile bisa lega menjer-menjer (tlaga mejer-mejer), 6. yen Karejan
jupuken sarine, 7. supaya bisa sejajar ing sepada-pada iku bisa Sakti tur
Aeng. Iku aja “Kesusu Leren” dupeh wis dadi pangayoman Ringin agung,
Lurunen supaya “kongsi lobang” kudu Oman (pari) kudu Kesit (sregep)
kang teguh kukuh kaya dene Patak (sirah) Banteng, kudu di “Terusna”.
Lukarana bungkus-bungkus ira (Bima Lukar iku lagi bisa Adi tur Aeng.
Taraf teges mider-mider plesir mirsani candi-candi watu ireng ana 7
cacahe kasebute ancer-ancer (manara) Medinah ya ana 7, Mekah 5.
Sangi tumekane Sofa lan Marwah teges wong urip kudu lumaku marang
wates, jepoting Roh, yen Dieng ing Pertapan gumenggeng padukuhane
kaki Semar tegese kasengsem barang kang Samar ing tengen tlaga
Pengilon, tegese yen sira nolih mengiwa “warna-warna kang digagas”
mula iku Ngiloa, yen wruh rupane dewe, banjur rumangsa yen mung titah
(kawula).
Mulane kudu tachalul tegese cukur, dene kang dicukur rambute iku mung
kanggo prasemon, dene hakekate sak bener. Nglukari bungkus-bungkus
bronjong-bronjong kapiyalan, kang kuwatir diarani ora sugih lan singgih,
iki ajak adol pamrih (pamer).
Wukuf ana ing ara-ara Ngarfah, Wukuf tegese ngenebatake utawa
ngeningake budi Hawa, Ngarfah iku artine weruh ninging sanubari
Jawane eneng ening saeneng.
1. Candi Candi Candi Candi DarmakesumaDarmakesumaDarmakesumaDarmakesuma, ngemu maksud raga sipat Darma, kratone ana ing
Candi Kembang Gedang genepe nakula lan Sadewa, iku ana ing ati
loro.
2. Candi ArjunaCandi ArjunaCandi ArjunaCandi Arjuna, ngemu maksud raga duwe kekarepan kang nikmat
kratone ana ing Candi Planangan mula garwane Sirkandi, Sembodro,
tegese Sir = karep, kandi wewadah, Sembodro, Sem = kasesem,
Bodro = teguh. Kasebut ana ing Jana Loka (Baitul Mukadas) menara
telu, kasebut omah pasucen, yaiku isi aer Jun = pringsilan 2, senjata
konta siji, mula manungsa iku kudu ngerti marang asali, useli, nuli ana
banyu Kastuli.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 16
3. Candi SemarCandi SemarCandi SemarCandi Semar, ngemu maksud manungsa duwe palungguhan bunder
Samar ora lanang ora wadon, kratone ana ing Candi Peru iku tansah
njaga keslametane badan “Candi Kresna” manungsa duwe jaksa
agung, kratone ana ing Candi Sirah, Baitul Makmur (guruloka).
4. Candi WerkudaraCandi WerkudaraCandi WerkudaraCandi Werkudara, manungsa duwe kekarepan jujur kratone ana ing
Maras Wahanane ngajak marang kateguhan.
5. Candi gatutkacaCandi gatutkacaCandi gatutkacaCandi gatutkaca, manungsa kudu duwe watak kang gawe pepadang
kratone ana ing kaca wirango.
Pasemon kang diwujudi ing Dieng iku buktine lan nyatane, emper-
empere, kayata Kawah Candradimuka ya panas tenan yaiku candraning
Rai kita. Dadi hakekate samangsane kita bisa Jiarah Mekah Madinah
(Borobudur, Dieng) iku aja mung dipriksa saklamba, iku ibarate kita
meguru kang wus diwejang-wejangake, kabeh-kabeh iku didunung ana
ing ilmu kabatinan saupama wong memangan aja mung kulite (buntele)
kang dipangan.
Ing Dieng pralambange Sendang Banyu Janjam, dadi ngemu rasa
sekabehing manungsa yen bisa kudu sarwa sarwi digawe lega, adem
ayem tentrem, kaya den banyu Janjam, kang ana ing tengah-tengahing
Tlaga warna lan Tlaga Pengilon, simbule garuda ya nulih manengen.
Ngemu rasa supaya kita tumindak kang jujur. Mula yen pancen niyat
kersa dadi Satriya, santriya, rahadi manungsa, kawula, mengawula Gusti,
sarate kudu bisa bagus ati, yaiku ngirib-irib mbalang utawa mbengkas
napsu 3 (telu), yaiku : 1111. LaumahLaumahLaumahLaumah kang ajak mangan ora narima, 2222.
AmarahAmarahAmarahAmarah kan tansah dipuji-puji, diajeni di aji-aji, 3333. SupiyahSupiyahSupiyahSupiyah kang tansah
kepingin unggul nggugu diri, senajan ing batine tatu arang kaya kranjang,
sugih utang, nanging aksine kudu garang njenggarang, ing Dieng
dipralambangi :
1. Guwa UpasGuwa UpasGuwa UpasGuwa Upas, iku pralambage cangkem (lesan) manungsa, iku uga
mbebayani, bisa metu upase (wisane) utawa bisa ngentek-entekake
kapercayan.
2. KawaKawaKawaKawah Sekidangh Sekidangh Sekidangh Sekidang, panase nguntar-untar iku pralambange panase kuping
tumeka ing jerobe nguntar-untar, yen dituruti panas aten (kemeren,
kabegjaning liyan).
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 17
3. Kawah CandradimukaKawah CandradimukaKawah CandradimukaKawah Candradimuka, tegese candraning Rai utawa rupane manungsa,
ora lanang ora wadon, rumangsane emoh kalah ayu utawa bagus,
mula ditambah iki - ditambak iku, ora ketang kaya kongsi kaya
dibanda-banda, bot-bote karepe dipuji-puji bagus utawa ayu, pancen
abot sesanggane, yen ora kadurusan, ing batin kadiya Kawah
Candramuka kinebur, sumube munggah ing Rai, dadi comong
(geseng).
Gunung PrahuGunung PrahuGunung PrahuGunung Prahu, tegese ragane manungsa iku kaya dene prahu, iku kari
sakersane sipemegang kemudi apa arep diiseni barang ala apa becik, iku
yen kersa isenana kabecikan, dene kang kapialan kurebna.
Gunung KendilGunung KendilGunung KendilGunung Kendil, tegese gunung pertapan, sapa wonge kang bisa ngilangi
sega, tegese pasa, ngeposake rasa, tapa nata papa cintraka, iku kasiyate
bisa keturunan Kitab Suci dadine pitutur becik 5 ayat, kang dipecah-
pecah dadi pyrang-prang ayat. Mula Gunung Kendil iku ceritane ana
Kitab Sucine saka tilarane Kanjeng Nabi Sulaeman, tegese nganggoa
solah tingkah kang iman. Nabi tegese pinunjul iku mesti pinujii, senadiyan
tumeka ing janji, tapak lan tilase diaji-aji, iku kudu ditiru, marga ing
sajroning manungsa jumeneng Kitab Tu-Lesan Suci, nanging isih
katutupan Kendil marga durung solah Iman.
Tlaga SuwiwiTlaga SuwiwiTlaga SuwiwiTlaga Suwiwi, tegese yen kita iki wis jembar pengalamane lan uga bisa
nglakoni pituturing guru kang Suci, iku sayekti bakal jembar tebane, bakal
diasihi ing Gustine bakal akeh pasadulurane. Dene prasemone manuk
burak, tegese burak yaiku tatit, yen Tanah Jawa Kanjeng Sultan Agung
lan Kaki Cinde Omah, kang menyang Mekah amung 15 menit wis tekan,
kesit kaya tatit, rikat kaya kilat, liya-liyane uga akeh.
Mula jaman kuna tanah Jawa ora bisa dijajah. Bisane marga Ratu diadu
Ratu, yen saiki bangsa diadu karo bangsa, tetangga dadi pecah belah, iku
aja diarah. Mulane iku aja sok ngala-ala wong kuna budha balik kita iki
turunan wong apa ? Kita iki dudu bangsa Londa anggepe ke-Mlonda
Londa persis kaya Londa, ya isih disebut Inlander Jaman Jepang ke-
Jepang-Jepangen, ya isih Jawa sentut tai dikuconi resik dadi kumak-
kumik. Apa maneh dadi Arab yen pengarang saya angel, ngarani Wahid
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 18
jare Ngahad, ngarani Isnein jare Senen sapiturute akeh salahe. Mula ana
tembang Cik dudu Londa dudu Jawa kebatinane dudu. Ooo, Bongbai
jangko-jangko gela-gelo emoh diarani bodo.
Telaga Bale KambangTelaga Bale KambangTelaga Bale KambangTelaga Bale Kambang, tegese manungsa duwe kekarepan tansah
kemambang kemelem kaya karet mulur mengkeret.
Sumur JalatundaSumur JalatundaSumur JalatundaSumur Jalatunda, tegese manungsa yen arep keparingan kanugrahan,
tansah ditunda (dianti) nganggo dicoba, dijajal, digoda bisa kuwat apa
ora, yen ora kuwat wahyune sida merat mlesat, malah nyangking werna-
werna gerabah binanting pecah.
Kawah SileriKawah SileriKawah SileriKawah Sileri, tegese sakabehe manungsa iku duwe kotoran kapialan,
kejahatan, kuwatir, was-was iku kudu dibuang. Gasiran Asu-Wotama,
sakabehe manungsa tansah kemalingan kalebon rasa ala, kasebut
panggodaning setan, iblis, laknat, tegese ajak gonjang-ganjing, kocar-
kacir kawusanane.
Kacarita R. Asuwatama ngemban dawuhe kang Rama Pandita Durna,
supaya mateni R. Parikesit, marga supaya aja lestari dadi Ratu adil ing
nuswa Jawa, ing tembe R. Asuwatama jumeneng Ratu nanging jabang
bayi R. Parikesit kinasih ing Dewa, ngerti ana Duratmaka (maling) nangis
makantar-kantar gejol-gejol mancal pusaka kang gimletak ana ing sikil
kepancal kontal malesat, ngenani Duratmaka Asuwatama kecandak
dadane pecah, wasana R. Asuwatama ora sida dadi Ratu ing Tanah
Jawa.
Pasemon Asuwatama iku uga saemper ing tanah air kita lagi bae lahir
Merdika uga kalebon Duratmaka kang anggangsir tansah malih pasang
aji sirep nanging jabang bayi R. Mardika ginugah ing Hyang Widi
sakehing Duratmaka (maling) malihan Sirna ngemasi. “Telaga Merdika”
tegese tanah air kita iki tansah arep diperkosa (bregada) arep dirobah
dening Ratu Sabrang, semono sira ya arep diperkosa dening angkara
murka, supaya tumindak jahat, kejem, musrik, murtat, mungkar, iku aja
dituruti, marga cadangane ing jurang kasangsaran.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 19
SA’KABEHING WUJUD IKUSA’KABEHING WUJUD IKUSA’KABEHING WUJUD IKUSA’KABEHING WUJUD IKU
AJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBA
Mekah tegese panggonan. Sakabehing titah kepengin panggonan Edi tur
Aeng. Musarofah tegese kawruh. Edi aeng yen di-embat-embat dadi
kawruh pitutur. Tawaf tegese mider-mider. Nutur-nutur mideringrat tuturen
kautamane. Masjid tegese temen. Sapa kang temen bakal tinemu. Wukuf
tegese anteng. Bisane anteng iku eneng lan sa’eneng. Chajaros tegese
Watu ireng. Kayu lan watu aja dianggep Allah.
Mesjidil Kharom tegese temen-temen. Kharom tegese larangan mula
wong semedi iku kesengsem barang kang Adi utawa niyat nindakake
kebagusan, iku tansah warna-warna reridune, Iblis Laknat, tansah ajak
kocar-kacir gonjang-ganjing.
Kacarita :Kacarita :Kacarita :Kacarita :
Yen ing Dieng kasebut Sikrumpyang tetesing banyu Wi, Adi winadahan
bokor Kencana, mancur dadi 4 (papat) :
1. Kang mancur Ngidul-ngulon, dadi Sirayu (Sirah Hayu).
2. Kang mancur Ngalor dadi kali Calawada.
3. Kang mancur Ngetan dadi kali Wana Raja.
4. Kang mancur Mangulon dadi kali Badra.
Ing Sikrimpuyang, yekti dadi larangan, sapa-sapa kang wani-wani nyedak
sendyana temen-temen dikaya temen, sayekti ilang ora bisa bali.
Iku beda karo Masjidil Kharom ing Arab. Yen ing Dieng diwujudi tuk mili
papat kalimo karo kang asli.
Mula ngger putuku kang sun-eman-eman yen lali den eling-eling, yen sira
uga kepanggonan kadang 4 kalima awakira, iku kudu dirukti dieman,
disambat sebut, yen Arabe Sachabat kalima, yen Padalangan kalima
Sabda, iku sayektine slamet.
Penget :Penget :Penget :Penget : Pamacane dibolan-baleni, yen pancen becik kudu diudi, para
kanca warahana nulis Jawa, Arab, Latin kanggo nyateti We Yoga Dhi, ing
tembe kanca-kanca dadi kanca kang Adi Aeng.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 20
WONG MANCA PRAJA WONG MANCA PRAJA WONG MANCA PRAJA WONG MANCA PRAJA SAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGESAYEKTI BAKAL ANGE----JAWAJAWAJAWAJAWA
JUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAHJUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAH
ARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTIARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTI
BAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWABAKAL JIARAH ANGEJAWA
PRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENGPRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENG
Rukune kejayaan ana 7 yaiku tumindake para Wali lan Satriya, dene
sarat-sarate sesuci banyu 8, wolung prakara, ing teku laku. Laku-lakune
kaya dene prasemone lakune saka Wonosoba menyang Dieng : 1111. aja
nDandeng-ndandeng, 2222. ayo pada ngudi Ilmu Kejiwaan, 3333. kudu
Semanget, 4444. aja Ngalur-ngalur semaya, 5. Garung (garu) buangen
alane, kasile bisa lega menjer-menjer (tlaga mejer-mejer), 6. yen Karejan
jupuken sarine, 7. supaya bisa sejajar ing sepada-pada iku bisa Sakti tur
Aeng. Iku aja “Kesusu Leren” dupeh wis dadi pangayoman Ringin agung,
Lurunen supaya “kongsi lobang” kudu Oman (pari) kudu Kesit (sregep)
kang teguh kukuh kaya dene Patak (sirah) Banteng, kudu di “Terusna”.
Lukarana bungkus-bungkus ira (Bima Lukar iku lagi bisa Adi tur Aeng.
Taraf teges mider-mider plesir mirsani candi-candi watu ireng ana 7
cacahe kasebute ancer-ancer (manara) Medinah ya ana 7, Mekah 5.
Sangi tumekane Sofa lan Marwah teges wong urip kudu lumaku marang
wates, jepoting Roh, yen Dieng ing Pertapan gumenggeng padukuhane
kaki Semar tegese kasengsem barang kang Samar ing tengen tlaga
Pengilon, tegese yen sira nolih mengiwa “warna-warna kang digagas”
mula iku Ngiloa, yen wruh rupane dewe, banjur rumangsa yen mung titah
(kawula).
Mulane kudu tachalul tegese cukur, dene kang dicukur rambute iku mung
kanggo prasemon, dene hakekate sak bener. Nglukari bungkus-bungkus
bronjong-bronjong kapiyalan, kang kuwatir diarani ora sugih lan singgih,
iki ajak adol pamrih (pamer).
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 21
Wukuf ana ing ara-ara Ngarfah, Wukuf tegese ngenebatake utawa
ngeningake budi Hawa, Ngarfah iku artine weruh ninging sanubari
Jawane eneng ening saeneng.
1. Candi DarmakesumaCandi DarmakesumaCandi DarmakesumaCandi Darmakesuma, ngemu maksud raga sipat Darma, kratone ana ing
Candi Kembang Gedang genepe nakula lan Sadewa, iku ana ing ati
loro.
2. Candi ArjunaCandi ArjunaCandi ArjunaCandi Arjuna, ngemu maksud raga duwe kekarepan kang nikmat
kratone ana ing Candi Planangan mula garwane Sirkandi, Sembodro,
tegese Sir = karep, kandi wewadah, Sembodro, Sem = kasesem,
Bodro = teguh. Kasebut ana ing Jana Loka (Baitul Mukadas) menara
telu, kasebut omah pasucen, yaiku isi aer Jun = pringsilan 2, senjata
konta siji, mula manungsa iku kudu ngerti marang asali, useli, nuli ana
banyu Kastuli.
3. Candi SemarCandi SemarCandi SemarCandi Semar, ngemu maksud manungsa duwe palungguhan bunder
Samar ora lanang ora wadon, kratone ana ing Candi Peru iku tansah
njaga keslametane badan “Candi Kresna” manungsa duwe jaksa
agung, kratone ana ing Candi Sirah, Baitul Makmur (guruloka).
4. Candi WerkudaraCandi WerkudaraCandi WerkudaraCandi Werkudara, manungsa duwe kekarepan jujur kratone ana ing
Maras Wahanane ngajak marang kateguhan.
5. Candi gatutkacaCandi gatutkacaCandi gatutkacaCandi gatutkaca, manungsa kudu duwe watak kang gawe pepadang
kratone ana ing kaca wirango.
Pasemon kang diwujudi ing Dieng iku buktine lan nyatane, emper-
empere, kayata Kawah Candradimuka ya panas tenan yaiku candraning
Rai kita. Dadi hakekate samangsane kita bisa Jiarah Mekah Madinah
(Borobudur, Dieng) iku aja mung dipriksa saklamba, iku ibarate kita
meguru kang wus diwejang-wejangake, kabeh-kabeh iku didunung ana
ing ilmu kabatinan saupama wong memangan aja mung kulite (buntele)
kang dipangan.
Ing Dieng pralambange Sendang Banyu Janjam, dadi ngemu rasa
sekabehing manungsa yen bisa kudu sarwa sarwi digawe lega, adem
ayem tentrem, kaya den banyu Janjam, kang ana ing tengah-tengahing
Tlaga warna lan Tlaga Pengilon, simbule garuda ya nulih manengen.
Ngemu rasa supaya kita tumindak kang jujur. Mula yen pancen niyat
kersa dadi Satriya, santriya, rahadi manungsa, kawula, mengawula Gusti,
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 22
sarate kudu bisa bagus ati, yaiku ngirib-irib mbalang utawa mbengkas
napsu 3 (telu), yaiku : 1111. LaumahLaumahLaumahLaumah kang ajak mangan ora narima, 2222.
AmarahAmarahAmarahAmarah kan tansah dipuji-puji, diajeni di aji-aji, 3333. SupiyahSupiyahSupiyahSupiyah kang tansah
kepingin unggul nggugu diri, senajan ing batine tatu arang kaya kranjang,
sugih utang, nanging aksine kudu garang njenggarang, ing Dieng
dipralambangi :
1. Guwa UpasGuwa UpasGuwa UpasGuwa Upas, iku pralambage cangkem (lesan) manungsa, iku uga
mbebayani, bisa metu upase (wisane) utawa bisa ngentek-entekake
kapercayan.
2. Kawah SekidangKawah SekidangKawah SekidangKawah Sekidang, panase nguntar-untar iku pralambange panase kuping
tumeka ing jerobe nguntar-untar, yen dituruti panas aten (kemeren,
kabegjaning liyan).
3. Kawah CandradimukaKawah CandradimukaKawah CandradimukaKawah Candradimuka, tegese candraning Rai utawa rupane manungsa,
ora lanang ora wadon, rumangsane emoh kalah ayu utawa bagus,
mula ditambah iki - ditambak iku, ora ketang kaya kongsi kaya
dibanda-banda, bot-bote karepe dipuji-puji bagus utawa ayu, pancen
abot sesanggane, yen ora kadurusan, ing batin kadiya Kawah
Candramuka kinebur, sumube munggah ing Rai, dadi comong
(geseng).
Gunung PrahuGunung PrahuGunung PrahuGunung Prahu, tegese ragane manungsa iku kaya dene prahu, iku kari
sakersane sipemegang kemudi apa arep diiseni barang ala apa becik, iku
yen kersa isenana kabecikan, dene kang kapialan kurebna.
Gunung KendilGunung KendilGunung KendilGunung Kendil, tegese gunung pertapan, sapa wonge kang bisa ngilangi
sega, tegese pasa, ngeposake rasa, tapa nata papa cintraka, iku kasiyate
bisa keturunan Kitab Suci dadine pitutur becik 5 ayat, kang dipecah-
pecah dadi pyrang-prang ayat. Mula Gunung Kendil iku ceritane ana
Kitab Sucine saka tilarane Kanjeng Nabi Sulaeman, tegese nganggoa
solah tingkah kang iman. Nabi tegese pinunjul iku mesti pinujii, senadiyan
tumeka ing janji, tapak lan tilase diaji-aji, iku kudu ditiru, marga ing
sajroning manungsa jumeneng Kitab Tu-Lesan Suci, nanging isih
katutupan Kendil marga durung solah Iman.
Tlaga SuwiwiTlaga SuwiwiTlaga SuwiwiTlaga Suwiwi, tegese yen kita iki wis jembar pengalamane lan uga bisa
nglakoni pituturing guru kang Suci, iku sayekti bakal jembar tebane, bakal
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 23
diasihi ing Gustine bakal akeh pasadulurane. Dene prasemone manuk
burak, tegese burak yaiku tatit, yen Tanah Jawa Kanjeng Sultan Agung
lan Kaki Cinde Omah, kang menyang Mekah amung 15 menit wis tekan,
kesit kaya tatit, rikat kaya kilat, liya-liyane uga akeh.
Mula jaman kuna tanah Jawa ora bisa dijajah. Bisane marga Ratu diadu
Ratu, yen saiki bangsa diadu karo bangsa, tetangga dadi pecah belah, iku
aja diarah. Mulane iku aja sok ngala-ala wong kuna budha balik kita iki
turunan wong apa ? Kita iki dudu bangsa Londa anggepe ke-Mlonda
Londa persis kaya Londa, ya isih disebut Inlander Jaman Jepang ke-
Jepang-Jepangen, ya isih Jawa sentut tai dikuconi resik dadi kumak-
kumik. Apa maneh dadi Arab yen pengarang saya angel, ngarani Wahid
jare Ngahad, ngarani Isnein jare Senen sapiturute akeh salahe. Mula ana
tembang Cik dudu Londa dudu Jawa kebatinane dudu. Ooo, Bongbai
jangko-jangko gela-gelo emoh diarani bodo.
Telaga Bale KambangTelaga Bale KambangTelaga Bale KambangTelaga Bale Kambang, tegese manungsa duwe kekarepan tansah
kemambang kemelem kaya karet mulur mengkeret.
Sumur JalatundaSumur JalatundaSumur JalatundaSumur Jalatunda, tegese manungsa yen arep keparingan kanugrahan,
tansah ditunda (dianti) nganggo dicoba, dijajal, digoda bisa kuwat apa
ora, yen ora kuwat wahyune sida merat mlesat, malah nyangking werna-
werna gerabah binanting pecah.
Kawah SileriKawah SileriKawah SileriKawah Sileri, tegese sakabehe manungsa iku duwe kotoran kapialan,
kejahatan, kuwatir, was-was iku kudu dibuang. Gasiran Asu-Wotama,
sakabehe manungsa tansah kemalingan kalebon rasa ala, kasebut
panggodaning setan, iblis, laknat, tegese ajak gonjang-ganjing, kocar-
kacir kawusanane.
Kacarita R. Asuwatama ngemban dawuhe kang Rama Pandita Durna,
supaya mateni R. Parikesit, marga supaya aja lestari dadi Ratu adil ing
nuswa Jawa, ing tembe R. Asuwatama jumeneng Ratu nanging jabang
bayi R. Parikesit kinasih ing Dewa, ngerti ana Duratmaka (maling) nangis
makantar-kantar gejol-gejol mancal pusaka kang gimletak ana ing sikil
kepancal kontal malesat, ngenani Duratmaka Asuwatama kecandak
dadane pecah, wasana R. Asuwatama ora sida dadi Ratu ing Tanah
Jawa.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 24
Pasemon Asuwatama iku uga saemper ing tanah air kita lagi bae lahir
Merdika uga kalebon Duratmaka kang anggangsir tansah malih pasang
aji sirep nanging jabang bayi R. Mardika ginugah ing Hyang Widi
sakehing Duratmaka (maling) malihan Sirna ngemasi. “Telaga Merdika”
tegese tanah air kita iki tansah arep diperkosa (bregada) arep dirobah
dening Ratu Sabrang, semono sira ya arep diperkosa dening angkara
murka, supaya tumindak jahat, kejem, musrik, murtat, mungkar, iku aja
dituruti, marga cadangane ing jurang kasangsaran.
SA’KABEHING WSA’KABEHING WSA’KABEHING WSA’KABEHING WUJUD IKUUJUD IKUUJUD IKUUJUD IKU
AJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBAAJA MUNG DIWACA SA’LAMBA
Mekah tegese panggonan. Sakabehing titah kepengin panggonan Edi tur
Aeng. Musarofah tegese kawruh. Edi aeng yen di-embat-embat dadi
kawruh pitutur. Tawaf tegese mider-mider. Nutur-nutur mideringrat tuturen
kautamane. Masjid tegese temen. Sapa kang temen bakal tinemu. Wukuf
tegese anteng. Bisane anteng iku eneng lan sa’eneng. Chajaros tegese
Watu ireng. Kayu lan watu aja dianggep Allah.
Mesjidil Kharom tegese temen-temen. Kharom tegese larangan mula
wong semedi iku kesengsem barang kang Adi utawa niyat nindakake
kebagusan, iku tansah warna-warna reridune, Iblis Laknat, tansah ajak
kocar-kacir gonjang-ganjing.
Kacarita :Kacarita :Kacarita :Kacarita :
Yen ing Dieng kasebut Sikrumpyang tetesing banyu Wi, Adi winadahan
bokor Kencana, mancur dadi 4 (papat) :
1. Kang mancur Ngidul-ngulon, dadi Sirayu (Sirah Hayu).
2. Kang mancur Ngalor dadi kali Calawada.
3. Kang mancur Ngetan dadi kali Wana Raja.
4. Kang mancur Mangulon dadi kali Badra.
Ing Sikrimpuyang, yekti dadi larangan, sapa-sapa kang wani-wani nyedak
sendyana temen-temen dikaya temen, sayekti ilang ora bisa bali.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 25
Iku beda karo Masjidil Kharom ing Arab. Yen ing Dieng diwujudi tuk mili
papat kalimo karo kang asli.
Mula ngger putuku kang sun-eman-eman yen lali den eling-eling, yen sira
uga kepanggonan kadang 4 kalima awakira, iku kudu dirukti dieman,
disambat sebut, yen Arabe Sachabat kalima, yen Padalangan kalima
Sabda, iku sayektine slamet.
Penget :Penget :Penget :Penget : Pamacane dibolan-baleni, yen pancen becik kudu diudi, para
kanca warahana nulis Jawa, Arab, Latin kanggo nyateti We Yoga Dhi, ing
tembe kanca-kanca dadi kanca kang Adi Aeng.
SAKABEHING TULISAN IKU NGEMU MAKSUDSAKABEHING TULISAN IKU NGEMU MAKSUDSAKABEHING TULISAN IKU NGEMU MAKSUDSAKABEHING TULISAN IKU NGEMU MAKSUD
HaHaHaHa----nananana, Hananingsun, ingsun iku hana.
CaCaCaCa----rararara----kakakaka, wujudingsun, ingsun wujud Caraka (reroncen).
DaDaDaDa----tatatata----sasasasa----wawawawa----lalalala, polah tingkahingsun, ingsun polah lan tingkah datan
suwala.
PaPaPaPa----dadadada----jajajaja----yayayaya----nyanyanyanya, karepingsun, ingsun karep padajayane.
MaMaMaMa----gagagaga----babababa----tatatata----nganganganga, pati urip wadangingsun, ingsun atutup (buntel) wadag,
sumangga batange, tegese Laillahi tangala.
Yen digugu pitutur We Yoga Dhi, yaiku pasinaone “kawula” ngawula
Gusti, yaiku bagusa atinira.
Nanging kudu kang teguh kukuh bakuh kaya dene Banteng aja kongsi
lemeran ya “umat” (umat-umatan) yaiku kang disebut kawul, tegese
kompal-kampul katiyup ombyaking suwara, dadi ngalor-ngidul rejekine
emoh kumpul.
Sakabehing barang-barang iku urip, nanging emoh nderek wong kang
kasebut kawul, margo sedela wae wis diedol, aliyas diijolake beras, apa
iku jenenge slamet waras ???
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 26
Mangkene tembange :
DandhanggulaDandhanggulaDandhanggulaDandhanggula
Klara-lara laraning ati,
Ora kaya wong tininggal arta,
Kang wus ilang piyandele,
Lipure yen mung turu,
Lamun tangi sungkawa malih,
Urip tanpa tujuan,
Amung kompal-kampul,
Pinda kawul ing lautan,
Ngalor-ngidul tinggal Hyang Widi,
Tinitah tan paedah.
Sapa wongw bisa anglakoni, lan anawoa, patang puluh dina suwene, lan
tangi waktu subuh, lan sabar suburing ati, insya Allah tinekan,
sakarsanipun tumrap anak rayatira saking ngudine elmu We Yoga Dhi iki,
rahayu aneng sira.
PRASEMON KAWRUH KASAMPURNANPRASEMON KAWRUH KASAMPURNANPRASEMON KAWRUH KASAMPURNANPRASEMON KAWRUH KASAMPURNAN
ELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUKELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUKELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUKELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUK
MATUK DADI ORA KUMETAK TUTUMATUK DADI ORA KUMETAK TUTUMATUK DADI ORA KUMETAK TUTUMATUK DADI ORA KUMETAK TUTUKKKK TINUTUR TINUTUR TINUTUR TINUTUR
Ular-ular setiti saka nonton wayang. Dene bab wayang iku saka yasane
Kanjeng Sunan Kalijaga, minangka prasemon-prasemon kawruh
kasampurnan, kang dikibar-kibarake kongsi tumeka saiki kang dadi
kembang lambe para setriya kang ulah kebatinan.
Mungguh saka penemune penganggit, wayang iku digambar miring iku
ngemu prasemon, tegese ana utawa ora, dene wayang iku dadi conto-
conto piwulang kawruh lahir lan kebatinan, dene kang dadi Dalang,
biyene ya Kanjeng Sunan Kalijaga dewe dek isih wayang beber,
ginambar ana ing mori, yen ngudal piwulang kanti ditudingi nganggo
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 27
tuding, saya suwe saya diapikake, digawe nganggo kulite kayu, banjur
sakpiturute.
Dene Dalang iku tegese ngudal piwulang kang arep ilang, utawa ngudal
piwulang supaya ora ilang.
Bab wayang iku minangka prasemone (pralambang) Jagad Gede, lan uga
prasemone Ngelmu kajaten, saiki tak jupuk prasemone Ngelmu.
1.1.1.1. Kang duwe gawe iku kang minangka ibarate kang Kuwasa, ibarate
arep nganakake Jagad, dene dalang kang minangka dadi utusane, kang
Kuwasa nyekel komando, lan uga mobah lan musiking wayang pinurba
wasesa dening Ki Dalang, semono uga Ki Dalang ora kena nggugu sak
karsane dewe, ya kudu manut lakone si wayang. Ya wayang iku diarani
ora bisa obah, lan ora bisa musik, ora duwe daya lan ora duwe
kekuwatan, yen ora dikersakake Dalang, cara Arabe : La khaola wala La khaola wala La khaola wala La khaola wala
kuwata illa bilahil alaiyul adhimkuwata illa bilahil alaiyul adhimkuwata illa bilahil alaiyul adhimkuwata illa bilahil alaiyul adhim, ya iku ibarate raga wadag, ya awak-
awakaning manungsa, kang diwayang-wayangake dening pikiran (angen-
angen). Dadi Dalang tegese : angen-angen pikiraning manungsa.
Wayang tegese raga wadag awak-awakaning manungsa.
2.2.2.2. “Wayang”“Wayang”“Wayang”“Wayang” yen wis entek (tutug) lelakone, iku banjur dilebokake kotak,
arep dibuang utawa dicemplungake kali ya kena, dene dirukti dibuntel
mori, digawekake luangan digawa menyang kuburan, iku amrih
kautaman, iku kaprahe Jaman, iku sejatine mung kurungan, dene isine
Roh (manuke) wis njepot, sak paran-paran nanging sira aja kapusan,
goleka guru kang temenan kang tumuju ing kasampurnan aja seneng yen
mung ngumbar kamurkan, iku ing tembe bisa salah ing kedadiyan,
mulane sakabehing bangsa pada duwe tuntunan amrih bisa kautaman.
3.3.3.3. “Dalang”“Dalang”“Dalang”“Dalang” tegese angen-angen (pikiran) kang ngobahake awak-awakan
kita, yen wis rampung anggone mayangake. Dalang tan kena diganduli
wis mesti kudu mulih menyang asale ya panggonane dewe. Kang nonton
nuli ngucap; asal saka ora ana, ya bali ora ana; cara Arabe Innalillahi
waina illaihi rojiun, asal sepi banjur rame-rame surak bareng Rohe
(manuke) njepot banjur sepi nyenyet tanpa aji, sebab keteg kunge wis
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 28
ilang wis ora bisa kumlungkung umuk-umukan ngaku wong agung, pari
basan : ciri wanci sayekti ginawa mati, goleka sucining ati. Dene Dalang
yen nglakokake wayang digawe kasar (nasar) iku bakal dinukan, marang
kang Kuwasa, kanggo saksine ongkose disemayani, tegese diadohi ing
sandang lan pangane. Semono uga angen-angen (pikiran) ngawa awak-
awakan raga wadag digawa nang Penasaran saru (nasar) nang kapialan,
wekasane si awak enggal rusak banjur dilebokake kotak, mula wong
jaman saiki umure cendak, jalaran tansah rungsang-rungsang ora
kepenak, mula yen mayang-mayangake awak kang tata titi tatas lan
ngati-ati, dadi wayange (raga) ora enggal rusak (bodol), dene Ki Dalang
mayangake wayange, tapi dalange sok ora dikaton-katonake, iku kena
diarani ngilang-ilangake jasane Ki Dalang. Mula tontonan wayang iku yen
di grayang dadi piwulang, kanggone wanita lan priya.
4.4.4.4. “Kelir“Kelir“Kelir“Kelir” minangka warana (wates) aling-alingane Dalan lan kang
Kuwasa, mula ora bisa ketemu, yen anggone mayang durung rampung.
Ya iku kang diarani cepak datanpa senggolan yen adoh datanpa
wangenan. Dene kang ana sakjerone kelir iku kang minangka badan alus,
tegese badan becik, iku bisa weruh kang ana ing sak njabaning kelir, iku
gambare kita yen lagi susah kadang-kadang ngimpi ditemoni leluhur kita.
Dene yen tindak kurang sesrawungan utawa jahat teka lakune nyebal
saka penggawe becik, iku kang mesti ora bisa oleh ulem-ulem, semono
uga ing besukyen tuwa. Mula ambagusnaho ing atinira, kulawarga
tetulunga, ing sanak lan tangga, kang lagi nandang sangsara, lan
kepetengan nalar, ganjarane (batene) ing tembe bisa kaparingan ulem-
ulem ora kaget lan bingung ora wedi sak mangsa tumeka ing janji, mula
kudu Nga-Ji tegese anutupi babahan nawa sanga, angesti sawiji,
sedakep sluku tunggal. (Nga-Ji barang 9 diaji-aji).
5.5.5.5. “Blencong”“Blencong”“Blencong”“Blencong” ateges pepadang (srengenge) ya pepadange dalang kang
minongka pkiran kang tumus saka ati, iku tujokna marang pepadange ing
sapada-pada tumitah disik, amrih bisa metu soroting cahya, yaiku kang
dijenengake metu nure, utawa kang tansah ngresepake (merak ati), yen
atine peteng rubes ngenes, iku ora duwe cahya marcahya, kembuk-
kembuk, pucet iku martandani kaoncatan ing pepadang (blencong) yaiku
nyandak-nyandak tuna nggayu-nggayuh runtuh, iku banjur kepetengan
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 29
karep iku ingkang diibaratake jahanam iku adate ewa cuwa gela, marga
wis ilang piyandele, iku marga keilangan pepadang, dadi anggonira
mayangake awak-awakan kesasar sasar nasar, pungkasane kecemplung
ing jurang kasangsaran, tansah kalebon setan kang ajak ora aman,
tumrap marang sesrawungan, mula kang “pada tukar pengalaman”.
Mula iku yen lali den eling-elingake, ungalna blencong pepadang banjur
bisa nimbang ala lan becike ing awake dewe sing saya suwe saya
padang, ing tembe bakal metu cahyane utawa nure, yaiku kang diarani
Nur Muhammad tegese kang pinuji yen Jawane diarani Maha Yana,
tegese Maha iku luwih puji, Yana iku angen-angening manungsa, kang
wis bisa tumindak ing kebagusan, yen Brahmana tegese Pana Raga
Brahma tegese Raga, Na tegese Pana tegese Pan Pepadang. Mula aja
sok nacad kae ala aku becik tur suci. Yen durung ngerti pait lan getire, lan
durung meguru kang kanti tatas buntas. Dene manungsa kang bagus
atine iku bisa metu Nure (cahyane) dadi sing sapa ndulu gede cilik lanang
lan wadon teka welas teka asih, asih saking polah tingkah kang ngalah
plalah, iku lagi katekan begja, banjur katekan pinter, nuli cukup.
“Y O G A”“Y O G A”“Y O G A”“Y O G A”
Gamela tinabuh “YOGA” tegese anak, tegese kadang, tegese isen-
isening manungsa iku ana 17 Yoga, dene lambang Indonesia Garuda ana
17 ler wulu, dicundukake ing Islam ana 17 rakaat iku ana sak jabane
wangon, kang ana sak jrone wangon, kang nabuh ana kuwasane dewe-
dewe iku kang agawe suwara lan mobah polah, mula aja ngaku-aku
pinter.
Dene kotakan (ndondangan) kang ganep 30 kotak pelog slendro, lahir
batin genepe tulisan Arab ana 30, yen aksara Jawa ana 30 kara aksara
murda, ya tulisane wis ana ing awake dewe, alip tegese Ha, tegese Irung
(dalan urip). Mula watake satriya tanah Jawa yen kapengkok ing panca
baya mbanjur dipépét utawa ditaling-tarung kamurkane, tegese tapa,
tegese madang long-longan turu long-longan, cegah dahar lawan sare,
tegese Pos-so, tgese ngeposake roso.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 30
Dene wilahane gamelan kang genep ana 144 wilahan. Yaga kang dadi
kumandone ana 4 wujud, iku kang tansah njaga lan ngreksa, kang dadi
keslametane Ki Dalang, supaya aja kongsi sasar-susur kesasar-sasar.
Mula iku para manungsa kabeh, lali-lali den elingake, elinga marang kang
paring gesang, ye reroncen kang ana ing awake dewe, ya ibarate uba
rampe Dalng, supaya katrima marang kang ana ing sajroning kelir. Yen
Jawane kang diarani wijange sipat 20 direksa ing malaekat 144, tegese
isen-isening jenjem dina lan pasaran 144 ana kuwasane dewe-dewe.
GOLEKO PANGALAMANGOLEKO PANGALAMANGOLEKO PANGALAMANGOLEKO PANGALAMAN
GOLEKO PANGALAMAN KANGGO TAMBAHING IMANGOLEKO PANGALAMAN KANGGO TAMBAHING IMANGOLEKO PANGALAMAN KANGGO TAMBAHING IMANGOLEKO PANGALAMAN KANGGO TAMBAHING IMAN
SUPAYA AMAN BISA SUGIH SESRAWUNGANSUPAYA AMAN BISA SUGIH SESRAWUNGANSUPAYA AMAN BISA SUGIH SESRAWUNGANSUPAYA AMAN BISA SUGIH SESRAWUNGAN
Sang Betet kang trisna Putra lan Bangsa
Engger, putraku kang sun dama-dama dadiya Satriya kang mulya lan uga
utama, sira iku wis meguru, ya pancen bener marga Jaman maju,
nanging aja kongsi keplayu-playu, iku dadi kurang rahayu, magra
panjangkahe ke pliwat maju, dadi ninggal warisan-warisan IBU PERTIWIIBU PERTIWIIBU PERTIWIIBU PERTIWI
kang sira panggoni iki, mangka sira ngaku SATRIYASATRIYASATRIYASATRIYA nanging ninggal
PURWAPURWAPURWAPURWA (kawitan sala). Yen golek kawruh saka manca praja iku luwih
utama nanging DUWEKEDUWEKEDUWEKEDUWEKE DEWEDEWEDEWEDEWE supaya dipapakena, ya di SURASASURASASURASASURASA yen
wis disurasa mangka tanpa daya wis wajibe kulak saka seje praja.
Jangkah kang kapisan apa wis di-udi ? (diaji). Artine Dalang Wayang
Yoga apa wis mengerti ?.
Caritane Empu-empu apa wis mengerti ?
Caritane Sayid Rachmat apa wis mengerti ?
Kawitane agama Islam ange-Jawa apa wis mangerti ?
Mula iku supaya disinau sakehing pitutur tuturen dikumpul-kumpulake
supaya ora kompal-kampul ngalor-ngidul, kaya “KAWULKAWULKAWULKAWUL” ngelus-elus
dengkul mamprul rejekine ora bisa kumpul, marga katiyup ombaking
suwara kang saka manca Negara, wusana ilang asmaning “KAWULAKAWULAKAWULAKAWULA”
oleh jenang Kawul.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 31
Sarat-sarate ngawula Gusti supaya bagus ati, yaiku kang di asmani
Rahaden, ya Rahadi, Ya Darah Adi, ya Rochadi, mula supaya duweya
Iman kang “Maha Adi”“Maha Adi”“Maha Adi”“Maha Adi”....
Langkah siji Kabudayan lan Kesenian kang Di-udi.
Langkah loro golek pengalaman kanggo ngoyak Jaman.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).